Tuladha Atur Pambagya Layatan

Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kawilujengan, katentreman mugi tansah kasalira miwahkajiwa dhumateng jasad panjenengan sadaya dalasan kula awit saking kersaning Gusti Ingkang Mahaagung Amin
Para pepundhen, para sesepuh, para pini sepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, para alim ulama inkang rinten dalu tansah sumandhing dhumateng kitab wahyuning Illahi, para satriyaning praja, pangemban pangembating praja minangka pandam pandoming para kawula dasih, para pambela sungkawa miwah panglipur ingkang pantes sinudarsana
Madyaning dhuhkita ing wekdal punika kaula piniji dening kulawarga Bp/ Ibu ________________ sumarambah putra wayah ingkang sami nandhang, minangka sulih salira ngaturaken lekas ing  sedya babaring karsa ingkang kawedharaken ing akathah inggih awit kawontenan miwah raos bebeging mawah panjenenganipun sadaya amung kandheg wonten salebeting kalbu.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang taksih pinaringan rohmating Gusti. Minangka purwakaning atur kula, sumangga panjenengan sadaya kula dharekaken sesarengan tansah nguhuraken asmaning Gusti Allah Ingkang Mahaagung, awit ing kalenggahan punika panjenengan sadaya dalasan kula taksih pinarengaken kempal manunggal saget ndherek bela sungkawa sedanipun Bp/ Ibu ________________ suma-wana para kaluarga panadhang lumantar kula hangambali matur sugeng  rawuh miwah panuwun ingkang tanpa pepindhan, menggah karawuhan panjenengan sadaya yekti nedahaken raos sih katresnan ingkang mboten saget ginambaraken ing mriki.
Wigatosing gati ing mdyaning dhuhkita wekdal punika, perlu kula ateraken nadyan panjenengan sadaya sampun pikanthuk kintaka layu-layu miwah warta ingkang binandhunging karna, parandene wekdal punika kula aturaken wonten ngarsa panjenengan sadaya
Suruping dinten _______ magut dinten ________  wanci tabuh __________ Bpk/Ibu _______________ sampun murut dhumateng kasidan jati saha katimbalan wonten pangayunanging Pangeran kanti tentrem jalaran nandhang __________ kados punapa anggenipun mbudi daya para kaluwarga ngantos kaliwat saking bebasan ateken janggut suku jaja anggenipun ngupadi usaha murih Bpk/Ibu ____________ saget pinaringan waluya jati. Jati temahan waluya, parandene sadaya wiradat mboten kuwawi ngungkuli panguwasaosinga kodrat.
Inna lillahi wa inna illaihi roji’un. Amung panyuwunipun para kulawarga pasandhang mugi wontena suka lilaning penggalih para pambela sungkawa kakung putri tansah paring donga puja hastawa mugi rohipun  suwargi Bp/Ib ______________ tansah lepas parane, jembar kubure, dipun apunten sadaya dosanipun katampia wonten ngarsaning Pangeran pinaringan papan ingkang sak mesthinipun, wondene para kulawarga ingkang tinilat enggala pinaringan katentreman, iman ingkang teguh saengga saget pulih nindakaken jejibahan ingkang kapanggul sowang-sowang.
Para pambela sungkawa kakung putri inkang kinurmatan, keparingipun para panandhang, suwargi Bp/Ib ________________ nyuwun pamit wonten ngarsa panjenengan sak lami-laminipun, hambok bilih duk rikala Bp/Ib __________________ taksih sugengipun wonten pepetangan ingkang dereng karampungan kalihan panjenengan,, mugi karampungo kalihan kulawarga ingkang tinilar, saha mbok bilih duk rikala sugengipun suwargi Bp/Ib ___________________hanggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sadaya, mugi para pambela sungkawa tansah hangandhapna pangaksama ingkang  agung.
Amung mbok menawi panjenengan sadaya hanggadhahi lepat kalihan suwargi Bp/Ib______________ mugi pinaringan pangapunten saking karsaning Gusti Allah.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinandhing rohmating Gusti, keparengipun para kulawarga, layon suwargi Bp/Ib ______________badhe kapethak miwah kasarekaken ing astana laya ________________ sru panyuwunipun para panandhang, mbok bilih para pambela sungkawa mboten wonten pambengan, kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon ngantos dumugi ing astana laya ______________ wondene wonten pakaryan ingkang wigati, kulawarga panandhang namung saget ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondur, mboten kekilapan kulawarga panandhang tansah ngaturaken agenging panuwun, awit sih kadarman panjenengan sadaya langkung-langkung para warga RT  ____________ kelurahan _______________ ingkang sampun kepareng hanyengkuyung ingkang dados karepotanipun kulawarga panandhang, ingkang punika dados karepotanipun kulawarga panandhang, ingkang punika mbok bilih kulawarga panandhang mboten saget mangsulaken karana lahir amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Gusti Allah, mugi sih kadarman panjenengan  dadosa ngamal kasaenan.
Pepuntoning atur saking kulawarga ingkang sami nandhang dhuhkita lumantar kula, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sadaya kirang trep kalihan handhap inggiling kalenggahan labet mboten kajarag/ kasengaja, para panandhang amung tumadha lubering pangaksama ingkang agung, kula pribadi minangka sulih salira, menawi wonten atur ingkang mboten mranani dhiri, labet kiranging seserepan ugi nyuwun rumentahing pangaksama ingkang agung, ing wasana wekdal kula aturaken kadang Pranata Adicara
Billahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Comments